serat Asmaralaya

Tembang DHANDHANG GULA ( 14 pada )

1.
Mangesti wruh srireng Hyang (1828) artati,
Tutumanen patemon wartanya,
tanpa pantaran nikmate,
sor langening salulut,
marmanira kang sampun uning,
kasatmata ing netya,
sumeh semunipun,
ayem tentrem anarima,
mungkur maring maramen mung alamat sih,
sihing Hyang Suksmanasa.

2.
Ngunjara ring rarasan tan aris,
sanityasa sung sreping sasama,
sareh sanis-karaning reh,
ririh para marta rum,
santa budya susetyeng kapti,
katenta met kotaman,
teteg santosa tul,
saking tyase wus pranawa,
anarawang manrusing pramana wening,
wruh nenging kaeningan,

3.
Wiwaraning warana kang werit,
kinawruhan wengane tan samar,
kasasira saarine,
wruh rahayuning luyut,
yitna nora kewraning westi,
mangkana kang waskita,
marma den anggayuh,
wahyu ayuning kasidan,
ywa katungkul ulah kamulyaning urip,
tan urup kinurepan.

4.
Jatinira ananing ngaurip,
nora lama bebasane ana,
amung sagebyaring cleret,
pet tumuli awangsul,
begja lamun kang bangkit bali,
marang alame lama,
kang luwih linuhung,
wit gaib kang durung wikan,
kang wus tamtu peting caleret umanjing,
suwung woring swasana

5.
Yayah lebu katiubing angin,
paran kulup yen ing kono sira,
kasangsaya salawase,
awit wewarahipun,
wreda lama kang wus mumpuni,
yen maring suwung sira,
mung peteng tinemu,
tanpa tepi katemahan,
tuju padhang kena gebyaring Hyang Rawi,
mawa prabawa panas.

6.
Kaingketan surya peteng malih,
ana uga sunare sasongka,
nanging mung sawatarane,
tur mawa prabawa bun,
sanget asrep karaseng diri,
yen sira mring swasana,
swasana puniku,
amung angin ananira,
wor alusing ponang tirta lawan agni,
tur uga maksih kena.

7.
Wuwuh sunaring surya lan sasi,
paran kulup solahira mbenjang,
tansah panas asrep bae,
myang katiyubing bayu,
angalaya ngubengi langit,
anginjeng tanpa sotya,
iku aranipun,
arsa ngungsi ngendi sira ,
tri lokaya kebak kalimputan dening,
ing suwung myang swasana.

8.
Layak lamun kang durung udani,
arsa marem ing suwung kewala,
dumeh mengku sakabehe,
tan wruh lamun puniku,
peteng kemput tanpa watawis,
kang rempil kalimputan,
temah nyanuk-nyanuk,
weneh anganggep swasana,
dumeh alus anglimputi ganal alit,
lembut ngebeki jagat.

9.
Nanging tan wruh yen iku tri murti,
tri tetelu murti kaalusan,
alus tetelu tegese,
liring alus tetelu,
adhem panas kalawan angin,
iku ananing hawa,
nguni asalipun,
ingkang panas saking surya,
ingkang asrep asal saking sita-resmi,
angin saking tranggana.

10.
Tataing kang surya lintang sasi,
samya mubeng nyakra magilingan,
urun prabawa katrine,
wor dadya swasaneku,
mongka wrananira Hyang Widi,
dera marneng kaanan,
sesining rat sagung,
dumunung mring suwungira,
lir sosotya munggwing embanan salami,
tan kena pinisahna.

11.
Mantuk tetep tan pakarti neki,
kamot momot among amisesa,
saisining jagat kabeh,
bumi baruna klebu,
nora mrojol saking tri- murti,
isine kaisenen,
ing saananipun,
anglimputi kalimputan,
pepet tanpa watesan penuh tri- murti,
tuhu amiseseng rat.

12.
Tri-lokaya tan ana kang mirip,
lir swasana pradene punika,
maksih kawula jatine,
katondha ananipun,
durung langgeng nora neng ening,
pan maksih darbe obah,
kena suda wuwuh,
tetep mung bangsa pirantya,
dadi dudu anane kaanan jati,
jati-jatining gesang.

13.
Balik kang ran sajatining urip,
sayektine meneng nora obah,
nanging ingkang obah kabeh,
yen nora lan nengipun,
wurung nora bisa amosik,
lan tan rupa tan warna,
nanging jatinipun,
saben-saben ana warna,
pan wus lawan rupanira kang sejati,
kalamun tanpa rupa.

14.
Yatnanana yekti nora warni,
warna rupa nora bisa pisah,
warna warana tegese,
rupa urip satuhu,
dadi warni kabeh puniki,
tetep waraneng gesang,
kang miseseng suwung,
suwung kang woring jiwangga,
ulatana sumingite aneng ngendi,
aja mucung kewala.

(Kalajengaken sekar pucung)
Tembang PUCUNG (37 pada)

1.
Nguni ingsun,
ngengleng ing tyas pungun pungun,
ngudi ananing Hyang,
gya pruita pra maharsi,
wawarahe tan sama awarna-warna

2.
Ana Wiku,
medhar anane Hyang Agung,
ya iku cahyanta,
kang nglimputi woring diri,
wejangannya dumunung neng netranira.

3.
Bunder nguwung,
lir sunare surya nrawung,
aran Nur Mukammad,
yen prapta antareng pati,
iku surem yen sirep sira palastra.

4.
Marmanipun,
yen wus surut urubipun,
aywa was sumelang,
linglingen ywa kongsi lali,
pilutanen ing kono gwaning kamulyan.

5.
Ana wuwus,
wosing gesang sayektiwus,
kawaseseng sira,
woring sarira ri ratri,
iya iku rasa lan pangrasanira.

6.
Wor sawujut,
neng napas anpas tanupus,
pratandhane ana,
yen napasira wus anis,
yekti sirna atmanira saking raga.

7.
Marmanipun,
yen sira yun prapteng luyut,
aywa kalayatan,
oswanta racuten nuli,
worna lawan rasa lan pangrasanira.

8.
Pangraseku,
anane Gusti satuhu,
kawula rasanta,
yen rasa lan pangrasa wis,
wor sawujud tetep ing panunggalira,

9.
Sirna sampun,
Tanpa ngrasa pangrasa wus,
mulih mulanira,
duk sira durung dumadi,
bali neng ning nora muni nora muna.

10.
Weneh muwus,
jatiningkang Murweng Idup,
ya iku pramana,
kang masesa ing sekalir,
dumunungnya neng utyaka guru- loka.

11.
Iya iku,
tembung Ngarab betal makmur,
tandane kang nyata,
aneng gebyaring pangeksi,
lwih waspada wruh gumlaring ngalam dunya.

12.
Yen puniku,
lerem sira nuli turu,
yen sira palastra,
mulane estinen kaki,
mung pramana kang bisa nuntun mring swarga.

13.
Weneh jamhur,
amarna kang Maha Ruhur,
ya iku suwara,
kang kuwasa murweng urip,
pratandhane lamun sirna swaranira.

14.
Prapteng lampus,
meneng nora bisa muwus,
saweneh pandita,
mejang anane Hyang Widdi,
iya iku angen-angen bale atma.

15.
Neng Jro jantung,
jenak jenjem anjajangkung,
sakrejeting sedya,
rasa pangrasa cipta sir,
panca-maya panca-driya kawasesa.

16.
Marma yen wus,
prapta antaraning lampus,
angen-angenira,
nengna aywa mobah-mosik,
rasanira sirnakna mring kono poma

17.
Yekti nemu,
sejatine kaananmu,
tan susah sinedya,
pan wus manggih sawarga di,
temah nikmat munfangat salaminira.

18.
Weneh nuduh,
jatining urip dumunung,
aneng sulbinira,
papan kanikmatan yekti,
purweng urip saking kono sangkanira.

19.
Marma mbesuk,
yen wus arsa prapteng layu,
ing pangestinira,
dumunungna aneng sulbi,
yekti mulya waluya mring uripira,

20.
Tur amengku,
salwiring rasa sadarum,
mung nikmat munfangat,
salamet salami-lami,
langgeng urip mongka witing rasa mulya.

21.
Weneh sung wruh,
jatining Gusti wus karuh,
mbenjang lamun sira,
wus parek antareng pati,
ana rupa kadya rupanta priyongga.

22.
Kang akonus,
saking kamanusanta wus,
saplak nora siwah,
amung mawa cahya putih,
iya iku kang aran mayongga seta

23.
lamun iku,
wus kadulu ing sireku,
tjipta-a anunggal,
sejakna genti umanjing,
dadi tetep warongka manjing curiga.

24.
Rampung putus,
wus tan ana kang winuwus,
tetep ing panunggal,
panunggale kwula Gusti,
mulih mulya tan ana Gusti kawula.

25.
Weneh iku ,
ngaku wikan Kang Amengku,
wus tanpa weweka,
mbenjang meh praptaning pati,
ana cahya seta prapta geng sasada.

26.
Iya iku,
nur Mukamad kang satuhu,
urubing manungsa,
wawasen aywa gumingsir,
tut wurinen tan antara nuli muksa

27.
Namu-namu,
mring wiyat sukma dumunung,
angganing tranggana,
yeku cahya kang nelahi,
ing buwana wus langgeng kaananira.

28.
Malih asung,
tuduh anane hyang Agung,
cahya maya-maya,
jumeneng munggweng ograning,
tung-tung driya anartani tri- lokaya.

29.
Betal-makmur,
betal mukaram katelu,
ing betal mukadas,
sumunar prapteng pangeksi,
liyepena katon ponang cahya maya.

30.
Anarawung ,
warna-warna wor dumunung,
liyeping paningal,
mbenjang yen arsa ngemasi,
cahya ingkang kaeksi sirep sadaya.

31.
Wit ginulung,
ing cahya kang neng jro jantung,
waluya ngayangan,
nuksmeng cahya kang sejati,
kang apadang gumilang tanpa wayangan.

32.
Langgeng nguwung ,
angebeki buwana gung,
mulih purwanira,
duk durung tumurun maring,
ngarca-pada awarna warana raga.

33.
malih guru ,
amejang jatine ngelmu,
ing kamulanira,
ananing Hyang Maha Widdi,
amung sabda gaib woring rat warata.

34.
Cahyanipun,
gumilang gilang narawung,
tanpa wewayangan,
nelahi sasining bumi,
gya tumurun wor rasa dadya manungsa.

35.
Marma temtu, yen prapta antareng layu,
ana cahya prapta,
gumilang pindha anggraning,
tirta munggweng ron lumbu amaya-maya.

36.
dyan puniku,
ciptanen dadya sawujud,
lawan sabdanira,
kang senedan samadyaning,
ngen angenta yekti waluya sampurna.

37.
Mulya wangsul,
mring asalira rumuhun,
sabda gaib babar ,
bali angebeki bumi,
tri-buwana kebak bangkit megat nyawa.

(Kalajengaken sekar megatruh)
Tembang MEGATRUH ( 28 pada )

1.
Wirayate para wiku kang durung wruh,
jatining kaanan jati,
kaya kang kawahyeng ngayun,
kabeh datan ana sisip,
bener wus neng raga manggon

2.
Sebab iku kabeh waraneng Hyang Agung,
nguni duk durung dumadi,
ya keket raketan kumpul,
paliket neng nukat gaib,
yayah atunggil sawiyos.

3.
Kadyangganing kang swasana wor lan suwung,
nunggal rasa seje wardi,
jatine ya swasaneku,
kang manuksma jroning diri,
katarik duk murweng raos.

4.
Rasanira yayah rena wor salulut,
kinemat sing hikmat-neki,
kamot kang swasana katut,
kaanane kang sajati,
neng mani woring sawiyos.

5.
Iya iku purwaning Hyang Maha Agung,
amarneng titah sakalir,
saking kalarate korut,
keket neng manikem nuli,
kumulit ngemuli kothong.

6.
tan antara kang suwung nuli kumedut,
katut kang swasana kosik,
kasreg panas lan srepipun,
kumaringet tri sutengsi,
wus kasatmata sayektos.

7.
Karsaning Hyang kanyataan dadi wujut,
Wujude kang jabang bayi,
wanodya tanapi jalu,
lawan kang swasana maksih,
aneng jro dadi pirantos.

8.
Parantining manungsa kang alus alus,
lestari manuksmeng diri,
ananing pakartinipun,
swasana manut piranti,
kang awadhag urating wong.

9.
Karsaning Hyang Pinerang dadi tri juru,
kocap ing hidayat jati,
kapala ran Betal-Makmur,
swasana kumringet dadi,
tirta maya neng jro manon.

10.
Iya aran tirta-marta kamandalu,
perdikane banyu urip,
loro jroning jaja kasbut,
ing Betal Mukaram isi,
jejantung ing njro kothong.

11.
Mung swasana ing ngriku manuksmeng suwung,
telu konthol den wastani,
betal mukadas puniku,
mesi mani madi wadi,
ya isi swasana kothong.

12.
Amangsuli pakartining kamandalu,
tansah amidraweng diri,
nuruti darah lan baju,
kang darah kumejot mosik,
angebut swasana dados.

13.
Napasing wong mlebu-metu lira-liru,
lawan swasana ing jawi,
dadi tatalining idup,
bangsa santri amastani,
salat daim pujining roh.

14.
Iya iku bebasane pra linangkung,
suwung mengku ana-neki,
iya napas kang winengku,
yen suwunge jagat iki,
mengku swasana ing kono.

15.
Karoncenan kalamun kabeh tinutur,
lir layang hidayat jati,
ringkese swasana mau,
kang neng njroning raga dadi,
piranti kang alus yektos.

16.
Kang neng ruhur dadi cahya pramaneku,
mengku panca driya nuli,
pencar bisa ngambu ngrungu,
bisa nywara lan mangeksi,
kang aneng tengah kuwaos.

17.
Iya dadi panca maya kang amengku,
rasa pangrasa cipta sir,
bangkit nganggit ngira nuju,
nyana nyakrabawa tuwin,
swasana kang aneng ngisor.

18.
Kwasa mengku panca asmara ya iku,
witing kasengsem saresmi,
saking panca driya tumrun,
nuksmeng panca maya trus mring,
pancasmara mengku raos.

19.
Ran asmara turidha ping kalihipun,
asmara-tantra kaping tri,
asmara-cipta puniku,
pat asmara-rura nuli,
asmara-gama kacrios.

20.
Kabeh mongka kalarat-ira Hyang Agung,
de swasana kang neng jawi,
dadi kaanan sawegung,
tejakuwung kilat thathit,
caleret jaladara wor.

21.
Mega mendhung ampak-ampak guntur ketuk,
bayu bajra angin-angin,
amun-amun ndaru pulung,
kabeh saisining langit,
swasana kang dandos-dandos.

22.
Bumi banyu wreksa gulma lata lumung,
sarupaning kang kumelip,
kang gumrebeg kang kumrumpyung,
tan lyan swasana kang dadi,
tuhu swasana kuwaos.

23.
Tetep dadya wewakiling Hyang Maha Gung,
kawasa murweng sakalir,
marma pra guru kang tan wruh,
ananing kaanan jati,
swasana kang salin enggon.

24.
Nuli padha dianggep kang Maha Agung,
pinangran pinundhi-pundhi,
kaya kang kawahyeng pupuh,
tan wruh yen iku tri-murti,
salin nggon salin lelagon.

25.
Salin asma lan salin pangwasanipun,
lamun manuksma mring cacing,
yekti mung mangkeret mulur,
yen manuksmeng walang bangkit,
miber meletik mencolot,

26.
Yen manjing wong bisa bangkit bisa ngidung,
terkadhang bisa udani,
maring sajatining idup,
wruh sangkan parane urip,
pangrakiting reh tan keron.

27.
Marmanira kabeh panganggepe guru,
kang padha mangeran maring,
rasa pangrasa cahya nung,
mangran mring pramana tuwin,
mangran swara tjipteng batos,

28.
Kaya ingkang kawahya ing sekar pucung,
sayekti mbenjang umanjing,
mring swasana moring suwung,
arsa ngungsi maring ngendi,
ngarsa wuri ndhuwur ngisor

(Kalajengaken sekar PANGKUR)
Tembang PANGKUR (21 pada)

1.
Njaba njero kaebekan,
ing swasana nadyan kang tanpa ngelmi,
iya manuksma mring suwung,
kawuring tawang tuwang,
nora beda lawan ingkang ahli ngelmu,
kalamun nora waspada,
dununging kaanan jati.

2.
Sajatining urip ira,
kang wus awor tan pisah siyang ratri,
sajroning kur’an kasebut,
min kabaril warita,
Gusti Allh raketan lan rasanipun,
lire wis awor sarasa,
rasa sajroning ngaurip.

3.
Urip ingkang mawa jiwa,
jiwanira minongka warana jati,
jatining urip puniku,
yekti tan nganggo nyawa,
nora nywara nora nggonda nora ndulu,
nora muna tan ngandika,
tanpa ngrasa pangrasa nir.

4.
Amung neng ening jatmika,
neng kaanan ananira pribadhi,
nanging kabeh kang kadulu,
apan wus kauningan,
kang karungu wus kapyarsa ing Hyang Agung,
kang kaambu wus kagonda,
kang nywara kasabda yekti.

5.
Kang angrasa wus karahsan,
inaloha huwa sami ngwal ngalim,
Allah iku jembar Agung,
uninga saniskara,
nora samar ya nukat gaibul guyub,
liring wiji pepingitan,
sumingit ing rasa neki.

6.
Nanging pilih kang uninga,
lamun nora lawan pituduh jati,
lapale layu kayapu,
tan kena kaya ngapa,
ananira samar tan kena ginayuh,
yen nora lan wahyuning Hyang,
nanging wijibul wujudi.

7.
Lire wajib wujudira,
iya aran kayun illabirakin,
urip tanpa jiwanipun,
mung daya prabawanya,
anguripi sakehing buwana sagung,
nenge bisa karya obah,
kayun ilapin dareni.

8.
Bisa urip rong panggonan,
lire urip neng ngalam kabir sahir,
kabeh mung pribadhinipun,
ing kene kana ana,
iya kana kene tan ana nyakutu,
mung sawiji nora owah,
langgeng ing salami lami.

9.
Ana sasmitanireng Hyang,
munyeng kitab dakaikul akaik,
dingin nitahaken kayu,
sajaratul yakina,
tuwuh aneng jroning alam adam makdum,
ajali abadhi ika,
tegese gesang sejati.

10.
Tumuwuh aneng buwana,
yaduk maksih wang uwung sonya ruri,
suwung ing salaminipun,
aneng kahanan kita,
lah puniki ulatana den kepangguh,
takokna mring pra pandhita,
kang pundhuh pindaning pati.

11.
Prandene kang wus sampurna,
ing pangawruh tan samar woring dhiri.
kang ngalingi wus kadulu,
nglela tan kalamatan,
wruh ing wrana pambukane tan kaliru,
jro liyep layap karasa,
saking prana pranawa ning.

12.
Kang mangkono winastanan,
sampun pana nungku puja semedi,
maladi ninging panekung,
muni sajroning kur’an,
anta muta kablah mauta puniku,
liring mati jroning gesang,
ngiya gesang jroning pati.

13.
Kang mangkana sayektinya,
pilih jalma kang bangkit anglakoni,
saking angel sakalangkung,
kalamun durung eklas,
pangikising iktikat sayekti takut,
ewa dene kena uga,
ginulanga murih lantib.

14.
Dene ta purweng pangarah,
rah arahen sesirih saben ari,
anyujuda hawa napsu,
yen wus ngrasa kawasa,
kala mongsa sireping wong lingsir dalu,
ngungsiya nggon kang prayoga,
papan kang pakantuk sepi.

15.
Nulya ngracut ponca driya,
kwasanira sirnakna ywa lumaris,
netra liyepena nuju,
nggraning arga tursina,
pramananta worna liyeping pandulu,
mulat lumaksaneng oswa,
den santosa ywa gumingsir.

16.
Dyan nata laksiteng oswa,
mahya manjingira den sareh-ririh,
winawas ywa kongsi worsuh,
wor liyeping paningal,
den gumolong lenging tyas tantara tamtu,
rasaning ngangga karasa,
njro ros-rosan kengser kosik.

17.
Katarik nenging pirantya,
tan antara gumremet mara maring,
marak wor oswa rumasuk,
ywa was den teteg sira,
sering rasa karasa trusing susungsum,
samantara rasanira,
woring pangrasa sirna nis.

18.
Kari kalarating atma,
woring warna-rupa wus mulya tunggil,
tunggil ing kaananipun,
ananing kaeningan,
konang –onang menaking kanikmatan nung,
ing kono sakarsanira,
dera mrih karkating kapti.

19.
Sayekti wus katarima,
kang narima ananira pribadhi,
wit wus paworing sawujud,
roro-roroning tunggal,
tunggalira maksih kekalih puniku,
marga lagi panunggalnya,
sajroning madya puniki.

20.
Durung tunggal ing wasana,
marmanira maksih wangsul kakalih,
lir Kresna kalawan Wisnu,
lamun Kresna katingal,
Sang Hyang Wisnu sayektine tan kadulu,
yen Wisnu neng Suralaya,
Bathara Kresna tan keksi.

21.
Nanging Kresna iya Kresna,
Wisnu nira iya Wisnu sajati,
beda pamoring ngaluyut,
Kresna sirna Waluya,
pulih Wisnu ngayangan salaminipun,
marma panunggaling madya,
mung aran gambuhing Widdi.

(Kalajengaken sekar GAMBUH)
Tembang GAMBUH (13 pada)

1.
Ya sengga tunggal lagu,
panekungan kang kocap ing pungkur,
lan pangukut pangracut patraping pati,
mung beda masesa iku,
winasesa prapteng layon.

2.
Dene patraping lampus,
wasitane pra wiku kang putus,
pawartine antara kurang trisasi,
rasaning rasa wus surut,
surem sumirating raos.

3.
Nuntun karkating kalbu,
samu-barang kang kambah kaambu,
kemba-kemba kumambang tan malbeng budi,
mring kabudayan tumambuh,
aber berawaning batos.

4.
Yen wus mangkono tamtu,
antara ri srandhuning anggamu,
ana ingkang krasa lara salah siji,
embuh pilek watuk ngelu,
mules lungkrah tyas kaleson.

5.
Yen wus mangkono kulup,
aywa ulap kumelaping kalbu,
kabeh barang kang dadi trisnaning ati,
myang salwiring karemanmu,
biraten aywa katongton.

6.
Malah nulya mrih laku,
anyirnakna kabeh hawa napsu,
liring hawa kabeh pepinginan kaki,
nepsu duduka puniku,
kalamun bangkit mangkono,

7.
Kawarti wus tartamtu,
tan karasa rasane laramu,
mung karasa srira resah sawetawis,
temah waspadeng pandulu,
tan was pamawasing batos.

8.
Saking resik tyasipun,
mring pepunton mantep tan tumpang suh,
dyan aywa sah ngesti woring kwula Gusti,
lir kajarweng sekar pangkur,
mrih jwa keron praptaning ndon.

9.
Yen wus sring keksi konus,
Kamanungsan-ira sayekti wus,
saya parek praptaning antareng pati,
den patitis pamawasmu,
wawasen dipun waspaos,

10.
Iku mongka panuntun,
sasmiteng Hyang ingkang Maha Agung,
aywa ginggang gulangen gulunganeki,
mbenjang yen wus prapteng ampus,
iku malih sapatemon.

11.
Yen wus lesah anggamu,
gya pasraha mapan kang pakantuk,
lir manekung kaya kang kawahyeng ngarsi,
ngrakita nenging pangukut,
myang pangracut aywa keron.

12.
Yekti tantara dangu,
surem susunaring pramanamu,
katut dening asating kang tirta wening,
iya tirta kamandalu,
ing kono dipun mirantos.

13.
Empakna pepuntonmu,
pangrakiting ngukut ywa kalimput,
sarengana peting pramana den aglis,
puput wus layu kayapu,
telas wasitane maot.

—( TaMaT )—

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s