Petungan Penanggalan Jawa [Panca Suda]

Kangge nikahake temanten.


Ing ngisor iki petungan ala beciking dina kang prayoga kapilih utawa sinirik lamun arep nikahake panganten, miliha dina kang becik kanggo nikahan. Anjupuka neptuning dina lan neptuning pasaran ginunggung, ananging neptu-neptu mau kudu awewaton neptu-neptu kang kang tumrap petungan Pancasuda-Ringkes, yakuwi:

NEPTUNING DINA 

NEPTUNING PASARAN

Ahad
neptune 3

Legi
neptune 2

Senen
neptune 4

Pahing
neptune 3

Selasa
neptune 5

P o n
neptune 4

Rabu
neptune 6

Wage
neptune 5

Kemis
neptune 7

Kliwon
neptune 1

Jumat
neptune 1

Sabtu
neptune 2

Lamun gunggungan saka neptuning dina lan neptuning pasaran mau tinemu wilangan :

  • 7,  iku tiba petungan : Nuju Padu, watake panganten utawa wong tuwane tansah tukar padu nganti salawase .
  • 2 utawa 8, iku petungan : Demang Kandhuruhan, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu lara.
  • 3 utawa 9, iku petungan : Sanggar Waringin, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu bungah lan seneng.
  • 4 utawa 10, iku petungan : Mantri Sinaroja, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu karaharjan lan kasenengan.
  • 5 utawa 11, iku petungan : Menjangan Ketawan, watake panganten utawa wong tuwane sok kelangan utawa wong akeh sok ana kang duwe niat ala marang dheweke.
  • 6 utawa 12, iku petungan : Nuju Pati, watake panganten ora suwe, bakal pegat mati utawa pegat urip, tur akeh kasusahan kang tinemu.